Rincian Aduan : LGWP81930894

Selesai Public

KABUPATEN KENDAL, 18 Sep 2017

Sugeng dalu nyuwun pangapunten. Kepareng nyuwun pirsa bapak saha ibu admin laporgub Prov. Jateng. Menika kula nembe enggal kagungan garwa, kula minangka warga negara Indonesia anggadhahi hak damel kagungan KK (Kartu Keluarga) supadod dipunakui kaliyan negara. Kula niku saking Kec. Banyubiru Kab. Semarang dene garwa kula saking Kab. Gunung Kidul Yogjakarta. Kala wingi sampun ngurus serat pindah saking Kab. Gunung Kidul ugi kula nggih sampun ngurus serat pindah saking kecamatan banyubiru. Kula kaliyan garwa badhe manggen wonten Kec. Kaliwungu Kab. Semarang. Kagen prosedur ingkang saestu pripun nggih kula boten mangertos kagem damel KK enggal. Nuwun. Sugeng dalu.

0 Orang Menandai Aduan Ini