Detail Aduan
Rincian Aduan : LGWP33858360
KABUPATEN PATI, 20 Oct 2022
Sugeng enjang bapak Ganjar.. Kulo badhe matur.. Kolo wingi kawulo pikantuk undangan rapat saking SDN Tendas amargi putro sekolah dateng SD puniko.. Dalam rapat puniko membahas tentang rehap kelas.. Amargi kekurangan ruang kelas. Ingkang sak mestinipun kelas wonten 6 lah sak meniko namung 5.. Rencana nipun rumah dinas badhe di agem kelas, butuh biaya sekitar 13 juta.. Keluhan kawulo sak meniko pihak SD namung saget bantu biaya rehap 3%saking dana rencana meniko.. Ingkang kalebihane dipun bebanke wali murid.. Lajeng dana Bos sak meniko kangge punopo njih pak ? Nyuwun saran kalian bantuan pak.. Kersanipun putro putri saget sekolah ingkang tenang lan konsentrasi.. Menawi kawulo matur wonten kalepatan nyuwun agengipun pangapunten.. Matur sembah nuwun sanget pak..
Disposisi
Kamis, 20 Oktober 2022 - 10:36 WIB
Verifikasi
Kamis, 20 Oktober 2022 - 11:33 WIB
Kabupaten Pati
Progress
Rabu, 26 Oktober 2022 - 09:45 WIB
Kabupaten Pati