Rincian Aduan : LGWP00468655

Selesai Public

KOTA SEMARANG, 14 Aug 2022

ameh takon pak. Aku memang dudu wargamu, tapi aku kerja semarang pak. wingi aku meh tilek koncoku sing lara ning rs tugu. teka jam 1, ora entuk mlebu, katane jam tilek sore jam 5, sak pasien sing tilik ntuke 2. oke, aku nunggu ketemu bojone wae ning njobo. lha tapi bar kuwi teko wong 5 arep tilek, ya dicegat satpam. let bar aku ketemu bojone koncoku, ndelok wong akeh mau iso numpak liv ning cedak kafe rs nggo tilek. sidone piye pak? sido ana corona pora? po kuwi kelas 1 yae entuk tilek wong akeh semono? nak ngono, mesakake sing bpjs, nunggune sore, sak pasien 2.

0 Orang Menandai Aduan Ini