Rincian Aduan : LGIG73376306

Selesai Public

KABUPATEN DEMAK, 07 Jun 2020

Assalamu'alami'alaikum Pak Gub @ganjar_pranowo Salam sehat pak.. Kulo Khoirun Nasikhin saking Dusun Betahwalang Kec Bonang Kab Demak. Ajeng nyampeaken Uneg² mawon Pak. Ten dusunku niku mayoritas mata pencahariane Nelayan pados Rajungan ten laut. Kengeng dampak COVID 19 pak... Asline regine awis sak niki mirah... Dados podho palit. Dusun kulo niku tiyang estri ingkang gadah garwo lan mboten "Janda" katah pak ... Kirang kegiatan pak.. ingkang saget ningkatke ekonomi... Mung jagakke tiyang jaler ten laut bloko pak.. Karep kulo niku mbok bilih wonten dinas UMKM nopo industri, nopo ketenagakerjaan maringi penyuluhan mboh niku damel krupuk, damel roti, damel kerajinan² sanese, kersane wonten kegiatan, mergi nak nganggur niku cepet sepuh, gampang supe, tiyang estri nak mboten cekelan yutro niku ngomak ngamuk tok pak, jare tiyang estri niku suwargane yutro nembe ayem pak, kagem kebutuhan saben dintene... Mboten mung jagakke garwane lan sakeng Pemerintah mawon... Mergi dados pengiren tanggane ingkang mboten angsal bantuan... Ngapunten e mbok bileh kirang sopan lan mranani ngature pak... Maturnuwun pak... Wassalamu'alaikum...

0 Orang Menandai Aduan Ini