Detail Aduan
Rincian Aduan : LGIG57964112
KABUPATEN PURWOREJO, 16 Nov 2021
assalamualaikum sugeng enjing pak. niki kulo malih . hehehe . badhe tangklet pak. nopo sekolah kalian hotel niku lebih diutamakan hotel nggeh pak? niki wonten Kab. Purworejo badhe wonten pembangunan hotel nanging nggusur salah setunggal sd ingkang sd unggulan wonten mriki. kebetulan kulo salah setunggal wali murid. SDN Sebomenggalan tepate pak . niko program saking pak bupati badhe dipun bongkar damel hotel wonten purworejo lajeng sd.ne badhe dipindah (tepate dinunutke) wonten sd sebelah.. sebetule saking pihak wali mboten masalah pak menawi pindah damel kemajuan kabupaten.e kyambak.. ananging dipindah wonten sd sebelah dereng wonten ruange. namung disukani 3 ruang kelas. nggeh boten efektif nggeh pak damel pmbljaran. menawi dipindah mboten nopo" . tapi paling mboten dipun sukani tempat sek layak damel lare".. kulo nyuwun miterang ingkang dipun utamakne niku pendidikan nopo sanesipun... wonten purworejo mawon pasar badhe dipindah sampun nyiapke tempat rumiyen malah dugi sakniki dereng dipun panggeni pasar.e .. la niki sekolah pak panggenan dereng siap pun dipindah... namung niku ingkang saget kulo aturke mugi" wonten tindak lanjut saking pak gubernur jateng.. maturnembah nuwun nggeh pa. mugi pak ganjar sak kluargo diparingi sehat bagas waras kalis ing sambikolo.. aamiin ???????????????? . wassalamualaikum wr wb .
Disposisi
Selasa, 16 November 2021 - 14:04 WIB
Verifikasi
Rabu, 17 November 2021 - 08:57 WIB
Kabupaten Purworejo
Selesai
Jumat, 19 November 2021 - 09:22 WIB
Kabupaten Purworejo